Latest Updates

Cerita Lucu Jawa

gambar lucu
Wuah @istock
Cerita Lucu Jowo iki kok jikuk soko Penulis handal Pusate Guyonan Wong Jowo. Langsung ae dab, geg di nggo mekaklak kono.

OSENG GODHONG KATES MARAKKE AIDS

Isuk isuk Sardot wis dolan ning omahe Sodron sing lagi jagongan ning korsi peninggalan londo sinambi nyukili untu
Sardot: wah jan mulyo tenan urip mu Dron...isuk isuk wis iso nyantai...ngono iku langsung melu ngerneti Mudji Biper gali tambang lak yo kasile lumayan timbang thenguk thenguk
Sodron: hehew...yo ngene iki urip ku Dot...katon godhong garing keterak angin, isane mung ngetan ngulon ora jelas.. (karo nyukili gudhal)
Sardot: ngomong ngomong ketone wareg tenan kowe Dron...bar mangan sate semut opo piye...axixixi
Sodron: bar mangan oseng oseng godhong kates nom gaweane bojo ku Dot...yen kowe gelem,kae ning jero isih enek masio mung turahan ku... xixixi
Sardot: heleeeh...your eyes migrain Dron...aku ora doyan yen oseng godhong kates...eh, ngomong ngomong godhong kates kuwi iso marakno AIDS lho Dron...
Sodron: (kaget,geblak seko korsi) haaah...ciyuss kowe Dot...?
Sardot: ciyass ciyuss ciyass ciyuss lambe mu koyok irus Dron...yo tenan lah...kowe ngerti Mukri ora...?
Sodron: Mukri sing umure nembe 5 taon sing anake Markonah kae yo Dot...?
Sardot: iyo Dron...wingi si Mukri di dulang mbokne lawuh oseng kodhong kates terus langsung keno AIDS
Sodron: wah ciloko lair bathin...memange si Mukri gejalane piye lan ngomong opo marang mbokne...
Sardot: Si Mukri gejalane muntah muntah terus .
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Mukri ngomong ”MAK AID MAK AIDS...MAK AIDS...AKU OLA OYAN”

Sodron: lambe mu opo durung tau di jejeli s*ftex seken yo dot !

0 Response to "Cerita Lucu Jawa"

Posting Komentar